Ads 468 x 60

31/01/2014

Browse » Home » , » Arane Watake Wong Utawa Bocah Ing Basa Jawa

Arane Watake Wong Utawa Bocah Ing Basa Jawa


Arane Watake Wong Utawa Bocah Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

1
Adigang
ngandel-endelake kakuwatanne
2
Adigung
ngandelendelake kaluhurane
3
Adiguna
ngendel-endelake kapinterane
4
Ambekdarma
seneng tetulung, welasan
5
Ambekpati
ora wedi pati
6
Ambeksiya
seneng nganiaya
7
Ambeksura
kendel banget
8
Ambekwani
kendel banget
9
 Alim
pinter tur anteng
10
Anteng
meneng ora akeh gunem
11
Andhap asor
ora gumedhe, ora umuk
12
Bandel
ora cingeng, ora gembeng
13
Beres
ora duwe niyat ala utawa goroh
14
Bencirih
gampang kena ing lelara
15
Berbudi
seneng weweh, loma
16
Blater
pinter sesrawungan
17
Mblubud
nekat ora duwe isin
18
Brangasan
gampang nepsu
19
Mbrekunung
nggugu karepe dhewe
20
Cendhala
ala kelakuanne
21
Centhil
emoh weweh/ medhit
22
Climut
dhemen nyenyolong
23
Clingus
isinan, ora kendel sesrawungan
24
Cluthak
seneng mangan apa-apa
25
Cubluk
bodho
26
Cugetan
mutungan, ora sabar
27
Culika 
dhemen ngapusi
28
Ndableg
ora ngrewes ing pitutur
29
Dahwen
seneng nacad
30
Daksiya
seneng mara tangan
31
Delap
seneng nganiaya
32
Ndhendheng
Angel dituturi
33
Drengki
meri marang kabegjane liyan
34
Ndhugal
kurang ajar
35
Gathekan
Gampang ngerti, lantip
36
Gembeng
Gampang nangisan
37
Geleman
Manutan, gampang gelem
38
Gemi
Pinter ngirit, nganggone
39
Getapan
Gampang kagel
40
nggragas
Seneng memangan sing kurang patut
41
Jail
Seneng gawe piala / usil
42
Jirih
Ora kendel / weden
43
Julig
Pinter nindakake bab ala
44
Kemproh
Ora resikan
45
kendel
Duwe kewanen
46
Kesed
Ora oyan gawe
47
Kethul
Ora gampang ngerti
48
Loma
Seneng weweh
49
Lonjo
Guneme sak wiyah-wiyah
50
Lugu
Kaya apa anane
51
Melikan
Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni
52
Mentahn
Ora duwe rasa welas
53
Meren
Gampang meri
54
Mopo
Ora gelem nglakoni
55
Murka
Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe
56
Muthakil
Sugih akal kanggounthunge dhewe
57
Ngebreh
Mbuwang dhuwit, boros
58
Panasten
Seneng manasi liyane marga meri
59
Parawadulan
Seneng wadul
60
Prasaja
Beres
61
Sabar
Ora gampang nesu, sareh anggone
62
Saen
Ora isinan
63
Satiti
Sarwa ngati-ati
64
Slingkuh
Ora beres
65
Srakah
Kumudu-kudu oleh akeh dhewe
66
Srei
Kumudu-kudu njaluk menang
67
Sumanak
Rumaket ing pamitran
68
Semelangan
Gampang sumelang
69
Sumungah
Seneng umuk
70
Taberi
Sregep serta tlaten
71
Takad
Kuwat nahan lara
72
Tambeng
Manut karepe dhewe
73
Tegelan
Ora duwe rasa rikuh, mentalan
74
Temen
Or dhemen goroh
75
Tumbak
Seneng wadul cucukan
76
Ugal-ugalan
Kurangajar
77
Ugungan
Dituruti sapanjalukane
78
Umpakan
Seneng dialem
79
Wangkal
Ora nurutan
80
Wasis
pinter
81
Wekel
sregep serta tumemen

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini
Advertiser

Comments : 0 comment for Arane Watake Wong Utawa Bocah Ing Basa Jawa

Post a Comment

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com