Ads 468 x 60

26/01/2014

Browse » Home » , » Tembung Entar Ing Basa Jawa

Tembung Entar Ing Basa Jawa


Tembung Entar Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

 Perumpamaan Artine
A
Abang kupinge Nesu
Abang-abang lambe Mung kanggo lelamisan, ora temenan
Adol bagus (ayu) Ngatonake baguse (ayune)
Adol gawe Ngatonake pagaweane
Adol kringet Nyambut gawe
Adol kawanen Nduduhake kawanene
Adol prungon Golek-golek kabar
Adol sendhe Adol barang menyang gadhen
Adol senguk (umuk) Akeh omonge kang ora nyata
Adus eluh Banget anggone nangis
Ala kandhutane Ala watake
Alus tembunge Tembunge kapenak dirungokake
Amba jangkahe Akeh ikhtiyare
Asor budine Bebudene ora apik
Ati dhondhong Atine ala
Ati kethul Ora bisa mikir
Atine ana wulune Atine ora apik, dengki
Atine pingget Atine lara, serik
B
Mbalang liring Nglirik
Bening atine Sumeh
Mbukak wadi Ngandhakake wadi
Mbuwang tilas Nutupi tumindak ala
C
Cagak elek Sing dianggo sarana betah melek
Cangkem gatel Seneng ngrasani
Cendhak umure Gelis mati
Cepak rejekine Gampang golek pangan
Cilik atine Kuwatir; jirihan
Cupet atine Gampang nesu
Cupet budine Ora bisa nggayuh prakara kang utomo
Cupet nalare Ora bisa mikir warna-warna
Cupet pangandel Ora pracaya
D
Dawa tangane Seneng njejupuk barange liyan (clemer)
Dawa ususe Sabar banget
Ndhedher kautaman Golek kautaman
Dhuwur atine Gumedhe
Dhuwur pangkate Dadi wong pangkat (sugih)
E
Empuk rembuge Rempuge kepenak dirungokake
Entek atine Kuwatir banget
Entheng tangan Seneng tandang gawe; seneng milara
G
Nggadho ati Gawe susahe liyan
Gantung kepuh Nyandhang ora tau ganti
Nggantung untu Selak kepingin mangan
Gedhe atine Ora kuwatiran; tatag; kendel
Gedhe endhase Sombong (kemlungkung)
Gedhe tekade Ora gelem mundur
Nggedhekake puluk Ora apa prihatine, nengenake mangan
Nggegem tangan Emoh tumandang gawe, kesed
Gilig rembuge Tansah disarujuki, dicocoki
Gilig tekade Tekade wis mateng
Nggilud kawruh Ngudi kawruh kanthi mempeng
Golek ayu Ngudi supaya urip slamet
I
Idu geni Omonge tansah kelakon
Ilang klilipe Ilang mungsuhe
J
Jembar dhadhane Sabar banget; sugih pangapura
Jembar kawruhe Akeh ilmune
Jembar kubure Mlebu swarga
Jembar polatane Pinter
Jembar segarane Gampang pangapura.
K
Kaku atine Tansah ora sarujuk
Kandel kupinge Ora nggugu pitutur
Kasar tembunge Tembunge sarwa saru
Katon dhadhane Wani adu arep
Kegugah atine Eling marang (sadhar)
kelepetan Katut ala
Kembang lambe Tansah diucapake
Kembang pati Lantarane pati
Kena tinenga-tenga Kena disambati
Kenceng karepe Kekarepane ora bisa owah
Kulak warta Golek warta
L
Lambe ati Watak
Landhep pikirane Pinter banget, gampang mangerti
Lara ati Serik
Lara ayu Cacaren
Lara owah Gendheng, edan
Lobok atine Sabar
Lurus lakune Jujur
Lunyu ilate Gunemane mencla-mencle
M
Main eseme Eseme ngresepake ati
Mara tangan Seneng milara
Mata dhuwit Tamak marang dhuwit; petung banget
Mata loro Kabeh prakara diantepi
Mateni pangane Gawe ilang panguripane
Mateng rembuge Rembuge wis dimupakati
Mateng kawruhe Kawruhe wis tutug
Mati ilate (kulite) Wis ora duwe rasa
Mati raga Tapa; prihatin; tirakat
Medhot dalan Ora nerusake
Metani lupute Nggolek lupute
Mogel ilate  Mangan sing sarwa enak
M ogol sinaune Mandheg anggone sinau
Murang tata Ora nganggo tata
N
Nandur kabacikan Gawe kabacikan
Ngabangake kuping Gawe nesu, muring
Ngadu wuleding kulit Ngadu kakuwatan
Ngangsu kawruh Golek kawruh (maguru)
Ngatonake siyunge Nduduhakke kawanene (kakendele)
Ngatonake dhadane Umuk; nduduhake kawanene
Ngekep dhengkul Nganggur
Ngendhaleni hawa napsu Nyegah kekarepan ala
Ngenaki ati Gawe senenge ati
Ngepuh kringet Tandang gawe mempeng banget
Ngetog karosan Nyrempeng banget
O
Ngobong atine Ngetokake nepsune
Oleh ati Tanpa katresnan; disenengi
Ora duwe ati Kuwatir banget
Ora merem Mangerti
P
(weruh) padhang hawa Lair ing donya
Padhang langite Katon seneng
Padhang pikirane (atine) Seneng
Padhang ulate Sumeh
Pait getir Warna-warna kasusahan, karibedan
Pait lelakone Ora kepenak lelakone
Panas atine Nesu
Pecah pamore Wis wiwit diwasa
Papan kekiwa Panggonan kang ora adhakan
Pedhes tembunge Tembunge gawe serik
Perih atine Sedhih
Pingget atine Serik
Peteng atine (pikire) Susah
Pulih getih Puk, ora kalah ora menang
Puput yuswa Seda
R
Ngrabekake sikut Senggolan sikut
Rai gedheg Ora duwe isin
Ngrengga praja Njaga awak
Runtuh atine (welase) Duwe welasan
Rupak atine (segarane) Ora gampang ngapura
Rupak jagade Judheg; kentekan pasaban
S
Sabuk galeng Sugih sawah
Sepi kawruh Ora duwe ilmu
Seret rejekine Ora gangsar golek rejeki
Sesak dhadhane Anyel
Sumpeg atine Susah
T
Tatu atine Serik
(ke) tengen Sing dikasihi (ditresnani)
Tipis lambene Seneng nggunem wong; criwis
Thukul turunane Duwe turunan
U
Udang tangis Akeh sing padha nangis
Utang pati Gawe patine liyan (wong)
W
Walang ati Kuwatir, sumela
Weteng Kadut Ora tampikan

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Advertiser

Comments : 0 comment for Tembung Entar Ing Basa Jawa

Post a Comment

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com