Ads 468 x 60

24/01/2014

Browse » Home » , » Tuladha Parikan, Contoh Parikan ing basa jawa

Tuladha Parikan, Contoh Parikan ing basa jawa


 Tuladha Parikan, Contoh Parikan ing basa jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini


Tuladha parikan kang tinemu ing kesenian ludruk kayata:

a) Pring ditumpuk-tumpuk, bumbung diisi merang.
     Cilik diipuk-ipuk, mbesuk gedhe maju perang.

b) Merang pari wulu, manuk dara nucuk gangsir.
     Yen perang ayo bersatu, bangsa landa ayuk diusir.

Parikan iku lumrah kanggo mbubari kidungane. Parikan digawe sing lucu-lucu sing tujuane kanggo gawe gumuyune penonton.

a) Tepak mlaku sore-sore, ana wong wedok mlayu abang klambine.
     Dakuber uwong jare ngutil tempe, bareng tak cekel dadak bojoku dhewe.

b) Turi-turi gak tau kena bubut, ana ketumbar  aja nang lemah.
     Ditutur gak tau nurut, bareng diumbar gak saba omah.

c) Ora gampang wong nabuh kenong, yen ra weuh pancere.
    Ora gampang wong bertindang ngomong, yen durung weuh bukti nyatane.

d) Samirah omahe Nganjuk, didol murah tetap ora mathuk.

e) Samirah omahe Mojokerto, samirah ayuh cangkeme amba.

            
Tuladha parikan kang liyane :
  • Abang-abang gendera landa, Ana sing ijo kok milih putih, Bujang maneh ora ngluyura, sing wes duwe book ora tau mulih
  • Ana brambang sasen llima, Berjuang labuh Negara
  • Awan-awan aja kluyuran, Ana pak mantra numpak sekuter, Kapan-kapan aku keturutan, Duwe kanca sinaune pinter
  • Wedang bubuk gula jawa, yen kepethuk ati lega
  • Sepet-sepet sawone mentah, Diempet-empet selek ora betah
  • Bisa ngendhang ora bisa nyuling, Bisa nyawang ora wani nyanding
  • Bibi Surip tuku klobot, Pethuk Encik tawa roti, Uwong Urip pancen abot, mula becik ngati-ati
  • Wajik klethik, gula abang, Aja suthik, yen tumandang
  • Godhong kecippir mrambat kawat, Najan gak mampir nanging lewat
  • Jambu apa jeruk, Aku melu apa entuk
  • Jemek-jemek gula jawa, aja ngenyek karo kanca
  • Kembang jagung dipethik cina, Barang wes kadung dikapakna
  • Manuk emprit menclok godhong tebu, Dadi murid sing sregep sinau
  • Kutha Kendal Kali wungu, Ajar kenal karo aku
  • Manuk kutut manggunge ngganter, Yen ra nurut bias keblinger
  • Esok nyulingsore nyuling, Sulinge arek Surabaya, Esok eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
  • Esok nembang sore nembang, tembange asmaradana, esok ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra  teka-teka
  • Nembang mlathi, warna peningganda wangi, Watak putri kudu setiti angati-ati
  • Korek gambar klenthing, kula ndherek wonten wingking
  • Wedang jeruk tanpa gula, Aja sok umuk tanpa guna
  • Wajik klethik gula jawa, Luwih bejik sing prasaja
  • Tawon madu ngisep sekar, Dadi guru kudu sabar
  • Semarang kaline banjir, Aja sumelang ora dipikir
  • Manuk emprit, nucuk pari, Dadi murid, sing taberi.
  • Manuk tuhu, mencok pager, Yen sinau, dadi pinter.
  • Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar. Lamun sabar, bisa lejar sarta bingar.
  • Kembang kencur, tinandur tepining sumur. Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur
  • Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa. Esuk mikir sore mikir, sing dipikir mung golek bandha.
  • Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula, Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa.
  • Yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu, Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ngelmu
  • Wedang bubuk, tanpa gula, Ja sok ngantuk, gelis tuwa
Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini
Advertiser

Comments : 5 comment for Tuladha Parikan, Contoh Parikan ing basa jawa

  1. kalau ngasah arit nganti landhep, apa mas???

    ReplyDelete
    Replies
    1. Ngasah arit nganti landhep
      Dadi murid kudu sregep

      Delete
  2. Dadi murid kudhu sregep.mbok menawi mboten klintu

    ReplyDelete
  3. Nyangking ember kiwo tengen
    Lungguh jejer tombo kangen

    ReplyDelete
  4. Manuk kutut manggung ngganter ra nurut iso keblinger, artine nopo nggih

    ReplyDelete

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com