Ads 468 x 60

24/01/2014

Browse » Home » , » Parikan Ing Basa Jawa

Parikan Ing Basa Jawa


Parikan Ing Basa Jawa

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini


Pancen angel kanggo negesi parikan iku yen mung diucapake satembung utawa saukara. Kita ora bisa njlentrehake (mendiskripsikan) kanthi ukara. Kanggo njawab utawa mangsuli titikan-titikane (ciri-cirinya). Dadi parikan yaiku unen-unen kang nglungguhi paugeran utawa pathokan kaya mangkene:
  • Kadadeyan saka rong ukara, kang dhapukane ukara nganggo purwakanthi guru swara (menggunakan persajakan atau rima).
  • Saben saukara kadadeyan saka rong gatra.
  • Ukara kang kapisan minangka purwaka utawa bebuka dene ukara kapindho minangka tebusane utawa isi.


Parikan ana 2 warna :
  1. Parikan sing dumadi saka rong gatra ( Parikan Tunggal )
  2. Parikan sing dumadi saka patang gatra ( Parikan Rangkap )


Tuladha:

1) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+ 4 wanda) X2.

a) Tawon madu, ngisep sekar.
     Golek imu, kudu sabar.

b) Wajik kletik, gula jawa.
     Luwih becik, sing prasaja.

c) Manuk emprit, mencok pager.
    Dadi murid, kudu pinter.

2) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+8 wanda) X2

a) Kembang aren, sumebar tepining kalen.
    Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen.

b) Kembang menur, ganda sedhep sandhing sumur.
    Kudu jujur, yen kepingin kowe luhur.

c) Pasar legi, tabuh loro durung rame.
    Pengin ai, labuha karo bangsane.

3) Parikan kang kedadeyan saka (8 wanda+ 8 wanda) X2

a) Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu.
    Eling-eling dadi siswa, ja lali sregep sinau.

b) Iwak yuyu iwak wader, pethuk bulus mangan apem.
    Yen sinau dadi pinter, besuk lulus ati tentrem.

c) sega punar lwuh empal, segane penganten anyar.

    Dadi murid aja nakal, kudu anteng ati sabar.

Lihat Contoh parikan yang lain Disini / Tuladha Parikan  Liya-liyane neng kene
Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Advertiser

Comments : 0 comment for Parikan Ing Basa Jawa

Post a Comment

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com