Ads 468 x 60

28/01/2014

Browse » Home » , » Kerata Basa Ing Basa Jawa

Kerata Basa Ing Basa Jawa


Kerata Basa Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

1
anak
karep apa-apa kudu ana lan enak.
2
bapak
bap apa-apa pepak
3
batur
embat-embating tutur
4
bocah
mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
5
brekat
dideleh mak breg terus diangkat
6
cangkem
yen ora dicancang ora mingkem.
7
cangkir
kanggo nyancang pikir
8
cengkir
kencenge pikir
9
denawa
ngeden hawa ngumbar hawa napsu
10
desember
gedhe-gedhene sumber
11
dongeeng
dipaido ora mengeng
12
garwa
sigaraning nyawa
13
gedhang
saged padhang, digeget bar madhang.
14
gerang
segere wis arang-arang
15
guru
kena digugu lan ditiru
16
gusti
bagusing ati
17
januari
hujan saben ari
18
kaji
tekade siji
19
kathok
diangkat sitok-sitok
20
kodhok
teka-teka ndhodhok.
21
kotang
sikute diutang
22
krikil
keri ing sikil
23
kuping
kaku njepiping
24
kupluk
kaku nyempluk
25
kursi
yen diungkurake banjur isi
26
ludruk
gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
27
maling
njipuk amale wong sing ora eling
28
mantu
dieman-emani meksa metu
29
maratuwa
mara-mara ketemu tuwa
30
nopember
ana sumber
31
oktober
untub-untube sumber
32
pebruari
yen mepe mburu ari
33
prawan
yen pepara (leelungan) kudu wayah awan
34
saru
kasar lan keliru
35
sejarah
sejan ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri)
36
sekuter
sambi sendheku mlayu banter.
37
sepuh
sabdane ampuh
38
simah
isine omah
39
sinom
isih enom
40
sirah
isine rah
41
siti
isine bulu bekti
42
sopir
yen ngaso mampir (ing warung).
43
sruwal
saru yen nganti uwal
44
sulap
yen kesusu bakal ketilap.
45
tandur
nata karo mundur
46
tapa
tatane kaya wong papa
47
tarub
ditata supaya katon murub
48
tayub
ditata supaya katon guyub
49
tebu
antebe kalbu
50
tepas
titip napas
51
tuwa
untune wis rowa, ngenteni metune nyawa
52
wanita
wani ditata
53
wedang
dianggo gawe kadang
54
wedhus
suwe ora tau adus
55
weteng
ruwet tur peteng

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Advertiser

Comments : 0 comment for Kerata Basa Ing Basa Jawa

Post a Comment

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com