Ads 468 x 60

30/01/2014

Browse » Home » , » Pepindhan Ing basa Jawa

Pepindhan Ing basa Jawa


Pepindhan Ing basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Pepindhan
A
  1. Abange Kaya godhong katirah
  2. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  3. Abote kaya watu
  4. Adheme kaya es
  5. Agunge kaya samodra rob
  6. Akehe pappati kaya babadan pacing
  7. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
  8. Akehe lelara kaya kena pagebluk
  9. Alli-aline nggunung sapikul
  10. Aluse kaya sutra
  11. Antenge kaya temanten ditemokke
  12. Antepe kaya wesi
  13. Anyepe kaya debog
  14. Asine kaya uyah
  15. Atose kaya wesi
  16. Ayune kaya dewi ratih


B
  1. Baguse kaya Bathara Kamajaya
  2. Bangone awangun gedhang salirang
  3. Bantere kaya Angin
  4. Bebadane kaya ngadhai melet
  5. Bedane kaya bumi karo langit
  6. Begjane kaya nemu emas sakebo
  7. Begjane kaya nemu cempaka sawakul
  8. Brengose nglaler mencok
  9. Brengose nguler keket
  10. Bungahe kaya ketiban ndaru


C
  1. Cahyane binger kaya Lintang johar
  2. Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
  3. Cep klekep kaya orong-orong kepidak
  4. Cethile kaya cina craki
  5. Cumlorot kaya lintang alihan
  6. Cumlorot kaya ndaru


D
  1. Dalane nggeger sapi
  2. Dalane mbathok mengkureb
  3. Dawane barisan kaya sela brakithi
  4. Dedege Ngringin sungsang
  5. Dhuwure kaya Othak-othak mega
  6. Domblong kaya sapi ompong
  7. Dondomane kaya tutus kranjang


E
  1. Empuke kaya gudir
  2. Enthenge kaya kapuk


G
  1. Gagah Prakoso kaya Raden Werkudara
  2. Galake kaya macan manak
  3. Galake kaya buta
  4. Gampang kaya empol pinecok
  5. Gulungane ngadhai menek
  6. Gulungane minangkara
  7. Gelise kaya banyu sinaring
  8. Gendhewane awangun kadhai meteng
  9. Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan


I
  1. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  2. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton


J
  1. Janggute pindha tawon gumantung
  2. Jogede kaya merak kesampir
  3. Jogede mucang kanginan


K
  1. Kagete kaya tinubruk ing wong lepat
  2. Kaku kaya kena nggo pikulan
  3. Kekejere kaya manuk branjangan
  4. Kenese kaya Dewi Srikandi
  5. Kesite kaya Kadhal
  6. Kepingine kaya Nyidham cempaluk
  7. Klular-klulur kaya tuma kathok
  8. Kopat-kapit kaya buntut ula tapak angin
  9. Kuninge kaya emas sinangling
  10. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton


L
  1. Lakune nusup-nusup pindha ayam alas
  2. Landhepe pitung pinyukur
  3. Lelewane milangoni
  4. Lir sato mungging rimbangan
  5. Luruhe pindha Dewi Sembadra


M
  1. Mendhak-mendhak kaya sato memeti
  2. Minder-minder kaya undar
  3. Miling-miling kaya jangkung
  4. Mlakune mundur kaya mungkkur gangsir
  5. Mlakune ndodhok


N
  1. Nangise ndrenginging kaya rase
  2. Nangise ngorong-ngorong
  3. Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
  4. Nyengite kaya dhemit


O
  1. Olehe kabegjan kaya nemu emas saloka
  2. Omahe awangun glathik mungup
  3. Omahe awangun gedhang salirang
  4. Omahe awangun klabang nyander


P
  1. Padhange kaya rina
  2. Padha pleg pindha jambe sinigar
  3. Panase kaya mecah-mecahno sirah
  4. Parine gumandhung
  5. Parine ngemping
  6. Parine nedheng gumadhung
  7. Petenge ndumuk ireng
  8. Pintere kaya bisa njara langit
  9. Pinter kaya bisa nyancang angin
  10. Pipane rokok menyu
  11. Pipine kaya tomat mateng
  12. Polahe ngaru napung
  13. Putih memplak kaya kapuk diwusoni


R
  1. Rakete kaya sadulur sinara wedi
  2. Ramene lir praha nempuh wukir
  3. Ramene surak mbata rubuh
  4. Rikate kaya angin
  5. Rukune kaya mimi ln mintuna
  6. Rupane kembar pindha jambe sinigar


S
  1. Salake medhi ( masir )
  2. Sambate kaya nggrantang
  3. Sambate ngaru ara
  4. Senenge kaya bubuk oleh leng
  5. Sentosa banget kaya joget kinatelon
  6. Suguhane mbanyu mili
  7. Seweke nyamkem kodhok
  8. Swarane kaya mbelahno bumi


T
  1. Tandhange kaya banteng ketaton
  2. Tandange kaya jangkrik mambu kili
  3. Tandange kaya sikatan nyamber walang
  4. Tekade kaya geni lan urupe
  5. Tekade kaya madu lan manise
  6. Thingak-thinguk kaya kethek ketulup


U
  1. Ulese ngambang asem ( Kucing )
  2. Ulese ngembang duren ( jaran )
  3. Untabe kaya samodra rob
  4. Utange nyundhul empyak
  5. Utange turut usuk


W
  1. Wangsulane saur manuk
  2. Wangune kaya dara gepak
  3. Wiragane nenangi brata
  4. Wrangkane gayaman.



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini
Advertiser

Comments : 3 comment for Pepindhan Ing basa Jawa

  1. Sangat membantu karena membantu saya yang saat sedang ujian,terimakasih😉😉

    ReplyDelete
  2. Matur nuwun kaweruhipun basa Jawa punika.

    ReplyDelete

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com