Ads 468 x 60

Showing posts with label Pendidikan. Show all posts
Showing posts with label Pendidikan. Show all posts

04/02/2014

04/02/2014

Tembung Rangkep (kata ulang) Ing Basa Jawa

Tembung Rangkep (kata ulang) Ing Basa Jawa



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung Rangkep (kata ulang)
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakaehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku :

1.  Tembung dwilingga
     a.  Dwilingga padha swara
  • Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.

     b.  Dwilingga salin swara
  • Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.

     c.  Dwilingga semu
  • Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.

2.   Tembung dwipurwa
      Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
  • Lara        = lelara
  • Guyu       = geguyu
  • Tuku       = tetuku
  • Laku       = lelaku

3.   Tembung dwiwasana
      Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
  • Benyik = benyinyik
  • Cuwo  = cuwowo
  • Pethet  = pethethet
  • Penyo  = penyonyo

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

03/02/2014

03/02/2014

Tembung andhahan (kata jadian) Ing Basa Jawa

Tembung andhahan (kata jadian) Ing Basa Jawa




Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung andhahan (kata jadian) :
Tembung andhahan yaiku tembung sing owah saka asale.
Tuladha :
Latare, Piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna

Tembung andhan:
 1.  Ater-ater (=awalan)

a)   ater-ater hanuswara : n, ny, ng, m
n +  tulis =nulis
ny + sapu= nyapu
ng + gawe= nggawe
m + paku= maku
tembunge dadi tembung tanduk

b)  ater-ater tripurasa: dak, ko, di
dak + tuku= daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku
tembunge dadi tembung tanggap

c)  ater-ater liyane sing awujud :
a + lungguh = alungguh
ka + waca= kawaka
sa + dina = sadina
pa + piker = pamikir
pi + wulang = piwulang
pra + tandha =pratandha
pari + kena = parikena
tar+buka = tarbuka
kuma+ wani = kumawani
kami+ sepuh = kamisepuh
kapi +temen = kapitemen

2.  Panambangan (akhiran)

a)   Panambang : an
Kobong  + an      = kobongan
Gawa + an           = gawan (dudu gawaan)
Tuku +  an           = tukon (dudu tukuan)
Lali + an               = lalen (dudu lalian)
Sore + an             = soren (dudu sorean)
Paro + an              = paron (dudu paroan)

b)   Panambang: i
Jawil + i                 = jawili
Kandha +  i           = kandhani (dudu kandhai)
Nesu +  i               = nesoni (dudu nesoii)
Bali +  i                 = baleni (dudu balii)
Ombe +  i             = ombeni (dudu ombei)
Bodho +  i            = bodhoni (dudu bodhoi)            

c)    Panambang : ake
Tulis       + ake      = tulisake
Tata  +  ake            = tatakake (dudu tataake)
Turu + ake            = turokke (dudu turuake)
Bali + ake              = balikake (dudu baliake)
Suwe + ake         = suwekake (suweake)
Jodho + ake          = jodhokake (jodhoake)

d)    Panambang: a, na, ana, en
Dudut + a            = duduta
Dudut + na          = dudutna
Dudut + ana       = dudutana
Dudut + en         = duduten
Bantu + a               = bantua
Bantu + na            = bantokna
Bantu + ana          = bantonana
Bantu + en            = bantunen

e)   Panambang : ku, mu, e
Omah +  ku        = omahku
Omah + mu        = omahmu
Omah + e            = omahe
Mata + e             = matane (dudu matae)
Sapi + e               = sapine (dudu sapie)
Kebo + e             = kebone (dudu keboe)
Buku + e             = bukune (dudu bukue)

f)  Panambang :ne , ing
Bapak + ne            = bapakne = bapake
Dijaluk +  ne         = dijalukne = dijalukake
Swara + ing           = swaraning = swarane
Aran + ing              =araning = arane

3.     Seselan (sisipan)

a)    Seselan : um
Cathel + um        = c + um + anthel      = cumanthel
Gedhe + um       = g + um + edhe         = gumedhe

b)  Seselan: in
Carita + in            = c + in + arita                    =cinarita
Siram+ in             = s + in +iram                     = siniram
Nanging yen:
Amuk + in            = ing +amuk                      = ingamuk
Inum+in               = ing +  inum                       = inginum
Obong+in            = ing + obong                      = ingobong
Udheg+ in           = ing + udheg                      = ingudheg
Embang+in         = ing + emban                      = ingemban

c)   Seselan: i, r
Siwer+ l               = s +  l + iwer                  = sliwer
Kencar+l              = k + l + encar                = klencar
Kelip+r                = k + r + elip                   = krelip
Canthel     + r       = c +r  + anthel               = cranthel



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung Lingga Ing Basa Jawa

Tembung Lingga Ing Basa Jawa



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung lingga (kata asal) :

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale ( kata asal ). Tembung lingga sing unine mung sakecapan diarani tembung wod


  1. Tuladha tembung lingga :

  • Adus, babar, kursi, tuku, tandur, lsp ( 2 wanda )
  • Garudha, gamelan, segara ( 3 Wanda )
     2.  Tuladha tembung wod :


  • Gas, bak, rak, sak, lur, tul, tik, lsp

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

02/02/2014

02/02/2014

Araning Windu Ing Basa Jawa

Araning Windu Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Wolung taun iku arane sewindu. Araneng windu kaperang dadi patang werna, Yaiku :

No
Jenenge
Tegese
Keterangane
1
Windu Adi
Linuwih
Taun jawa 1898 – 1906
( Masehi taun 1976 – 1984 )
2
Windu Kunthara
Ulah
Taun jawa 1907 – 1914
( Masehi 1985 – 1992 )
3
Windu Sangara
Banjir
Taun Jawa1915 – 1922
( Masehi taun 1993 – 2000 )
4
Windu Sancaya
Srawung
Taun jawa 1923 – 1930
( Masehi taun 2001 – 2008 )

Catetan :
1.   Taun jawa karo taun masehi kaceke 78 taun
2.  Saka taun jawa, nggoleki taun masehi di tambah ( + ) 78 taun

3.  Saka taun Masehi, Nggoleki taun jawa di elongi ( - ) 78 taun

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Araning Taun Ing Basa Jawa

Araning Taun Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Taun Jawa Cacahe ana 8, Yaiku :
1.  Alip
2. Ehe
3. Jumiwal
4.  Je
5. Dal
6. Be
7. Wawu

8. Jumakir

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

01/02/2014

01/02/2014

Araning Sasi Ing Basa Jawa

Araning Sasi Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

No
Sasi Jawa
Sasi Arab
Sasi Nasional
1
Sura
Muharam
Januari
2
Sapar
Syafar
Febriaru
3
Mulud
Rabi’ul Awal
Maret
4
Bakdamulud
Rabi’ul Akhir
April
5
Jumadilawal
Jumadil’Ula
Mei
6
Jumadilakhir
Jumadiltsani
Juni
7
Rejeb
Rajab
Juli
8
Ruwah
Sya’ban
Agustus
9
Pasa
Ramadhan
September
10
Sawal
Syawal
Oktober
11
Dulkaidah/Sela/Apit
Zulkaidah
November
12
Besar
Zulhijjah
Desember

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Arane Slametan / Upacara Ing Basa Jawa

Arane Slametan / Upacara Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

1
Bersih desa
Slametan ngresiki desa
2
Berjanje
Maca puji-pujian ngenani riwayate Nabi Muhammad SAW
3
Boyongan
Naglih omah
4
Brokohan
Slametan tumrap bayi kang mintas lahir
5
Kirab
Metu bareng arak-arakan
6
Mantu
Duwe gawe ngomah-ngomahke anak
7
Megengan
Wiwitane sasi pasa
8
Mitoni
Slametan nalikane Meteng pitung sasi
9
Mule
Slametan ndongaake keluarga sing wis seda
10
Muludan
Slametan ing dina wiyose Nabi Muhammad SAW
11
Ngirim
Ngopeni kuburane keluarga
12
Nyadran
Ndongaake wong sing wis seda ana ing makam
13
Nyekar
Ngopeni kuburan lan Ndongakake keluarga sing wis seda
14
Nyelapani
Slametan Nalika bayi umur selapan ( 35 dina )
15
Nyepasari
Slametan nalika bayi umur sepasar ( 5 dina )
16
Puputan
Slametan nalika pusere bayi wis pedhot
17
Sedhekah bumi
Bersih desa
18
Slawatan
Dedonga marang Gusti Allah SWT kagem Nabi Muhammad SAW lan kaluwarganipun serta para mitanipun
19
Tahlilan
Maca puji-pujian marang Gusti Allah SWT biasane sakwise kesripahan ( Kepaten )
20
Tetakan
Sunatan
21
Tedhak siten
Slametan nalika bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah
22
Tingkeban
Mitoni, Slametan nalika meteng pitung sasi
23
Udhun-udhunan
Slametan ngarepake riyaya ( Lebaran )
24
Unggah-unggahan
Slametan ngarepake pasa
25
Wiwit
Slametan ngarepake methik pari

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Patrape Linggih Ing Basa Jawa

Patrape Linggih Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

1
Ndheprok
Linggih lemah sakenggon-enggone
2
Ndhodhok
Linggih nanging bokonge ora kambah lemah
3
Jegang
Linggih sak kepenake dhewe
4
Ngangir
Mengurep sirahe njengengek (njunjung)
5
Ngapurancang
Linggih tangane ditangkebake
6
Njengking
Mengkureb bokonge dijongatake
7
Ongkang-ongkang
Linggih ing pinggiran sikile gumantung
8
Sila
Linggih sikile ditekuk ing ngarep
9
Sila panggung
Sila dhengkule di unggahake ( kaya silana para nyai )
10
Sila tumpang
Sila sikile sing siji ditumpangake ing pupu liyane ( kaya silane dhalang )
11
Slonjor
Linggih sikile kenceng maju siji utawa loro pisan
12
Sluku
Linggih sikile slonjor, tangane tumumpang  pupu

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Entri Populer

Kartun

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com