Ads 468 x 60

Showing posts with label Pendidikan. Show all posts
Showing posts with label Pendidikan. Show all posts

31/01/2014

31/01/2014

Sanepan Ing Basa Jawa


Sanepan Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

No
Tembung
Artine
1
Abang dluwang
Putih/pucet banget
2
Abot kapok
Entheng banget
3
Abot merang sagedheng
Entheng banget
4
Agal Glepung
Lumer banget
5
Aji godhong garing
Ora ono ajine
6
Amba godhong kelor
Ciyut banget
7
Ambune arum jamban
Ambune banger
8
Anteng kitiran
Polahe ora karuan
9
Arang kranjang
Kerep banget
10
Arang wulu kucing
Akeh banget
11
Arum jamban
Banger banget
12
Atos debog
Empuk banget
13
Awake kuru semangka
Awake lemu banget
14
Bening leri
Buthek banget
15
Benjo tampah
Bunder banget
16
Brintik linggis
Lurus/kaku banget
17
Dhuwur kencur
Endhek banget
18
Gedhe gurem
Cilik banget
19
Jero tapak meri
Cethek banget
20
Kandel kulit bawang
Tipis banget
21
Kedhep tesmak
Jinggleng / mentheleng
22
Kuning silit kwali
Ireng banget
23
Kuru semangka
Lemu banget
24
Landhep dengkul
Kethul banget
25
Legi bratawali
Pait banget
26
Lemes pikulan
Kaku banget
27
Lonjong mimis
Banter banget ( malyu )
28
Pait madu
Legi banget
29
Peret beton
Lunyu banget
30
Resik peceren
Reged banget
31
Rindhik asu dighitik
Cepet banget
32
Sewu banyu sinaring
Cepet banget
33
Suwe mijet wohing ranthi
Cepet banget
34
Wujude agal glepung
Wujude lembut banget

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

30/01/2014

30/01/2014

Pepindhan Ing basa Jawa

Pepindhan Ing basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Pepindhan
A
  1. Abange Kaya godhong katirah
  2. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  3. Abote kaya watu
  4. Adheme kaya es
  5. Agunge kaya samodra rob
  6. Akehe pappati kaya babadan pacing
  7. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
  8. Akehe lelara kaya kena pagebluk
  9. Alli-aline nggunung sapikul
  10. Aluse kaya sutra
  11. Antenge kaya temanten ditemokke
  12. Antepe kaya wesi
  13. Anyepe kaya debog
  14. Asine kaya uyah
  15. Atose kaya wesi
  16. Ayune kaya dewi ratih


B
  1. Baguse kaya Bathara Kamajaya
  2. Bangone awangun gedhang salirang
  3. Bantere kaya Angin
  4. Bebadane kaya ngadhai melet
  5. Bedane kaya bumi karo langit
  6. Begjane kaya nemu emas sakebo
  7. Begjane kaya nemu cempaka sawakul
  8. Brengose nglaler mencok
  9. Brengose nguler keket
  10. Bungahe kaya ketiban ndaru


C
  1. Cahyane binger kaya Lintang johar
  2. Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
  3. Cep klekep kaya orong-orong kepidak
  4. Cethile kaya cina craki
  5. Cumlorot kaya lintang alihan
  6. Cumlorot kaya ndaru


D
  1. Dalane nggeger sapi
  2. Dalane mbathok mengkureb
  3. Dawane barisan kaya sela brakithi
  4. Dedege Ngringin sungsang
  5. Dhuwure kaya Othak-othak mega
  6. Domblong kaya sapi ompong
  7. Dondomane kaya tutus kranjang


E
  1. Empuke kaya gudir
  2. Enthenge kaya kapuk


G
  1. Gagah Prakoso kaya Raden Werkudara
  2. Galake kaya macan manak
  3. Galake kaya buta
  4. Gampang kaya empol pinecok
  5. Gulungane ngadhai menek
  6. Gulungane minangkara
  7. Gelise kaya banyu sinaring
  8. Gendhewane awangun kadhai meteng
  9. Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan


I
  1. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  2. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton


J
  1. Janggute pindha tawon gumantung
  2. Jogede kaya merak kesampir
  3. Jogede mucang kanginan


K
  1. Kagete kaya tinubruk ing wong lepat
  2. Kaku kaya kena nggo pikulan
  3. Kekejere kaya manuk branjangan
  4. Kenese kaya Dewi Srikandi
  5. Kesite kaya Kadhal
  6. Kepingine kaya Nyidham cempaluk
  7. Klular-klulur kaya tuma kathok
  8. Kopat-kapit kaya buntut ula tapak angin
  9. Kuninge kaya emas sinangling
  10. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton


L
  1. Lakune nusup-nusup pindha ayam alas
  2. Landhepe pitung pinyukur
  3. Lelewane milangoni
  4. Lir sato mungging rimbangan
  5. Luruhe pindha Dewi Sembadra


M
  1. Mendhak-mendhak kaya sato memeti
  2. Minder-minder kaya undar
  3. Miling-miling kaya jangkung
  4. Mlakune mundur kaya mungkkur gangsir
  5. Mlakune ndodhok


N
  1. Nangise ndrenginging kaya rase
  2. Nangise ngorong-ngorong
  3. Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
  4. Nyengite kaya dhemit


O
  1. Olehe kabegjan kaya nemu emas saloka
  2. Omahe awangun glathik mungup
  3. Omahe awangun gedhang salirang
  4. Omahe awangun klabang nyander


P
  1. Padhange kaya rina
  2. Padha pleg pindha jambe sinigar
  3. Panase kaya mecah-mecahno sirah
  4. Parine gumandhung
  5. Parine ngemping
  6. Parine nedheng gumadhung
  7. Petenge ndumuk ireng
  8. Pintere kaya bisa njara langit
  9. Pinter kaya bisa nyancang angin
  10. Pipane rokok menyu
  11. Pipine kaya tomat mateng
  12. Polahe ngaru napung
  13. Putih memplak kaya kapuk diwusoni


R
  1. Rakete kaya sadulur sinara wedi
  2. Ramene lir praha nempuh wukir
  3. Ramene surak mbata rubuh
  4. Rikate kaya angin
  5. Rukune kaya mimi ln mintuna
  6. Rupane kembar pindha jambe sinigar


S
  1. Salake medhi ( masir )
  2. Sambate kaya nggrantang
  3. Sambate ngaru ara
  4. Senenge kaya bubuk oleh leng
  5. Sentosa banget kaya joget kinatelon
  6. Suguhane mbanyu mili
  7. Seweke nyamkem kodhok
  8. Swarane kaya mbelahno bumi


T
  1. Tandhange kaya banteng ketaton
  2. Tandange kaya jangkrik mambu kili
  3. Tandange kaya sikatan nyamber walang
  4. Tekade kaya geni lan urupe
  5. Tekade kaya madu lan manise
  6. Thingak-thinguk kaya kethek ketulup


U
  1. Ulese ngambang asem ( Kucing )
  2. Ulese ngembang duren ( jaran )
  3. Untabe kaya samodra rob
  4. Utange nyundhul empyak
  5. Utange turut usuk


W
  1. Wangsulane saur manuk
  2. Wangune kaya dara gepak
  3. Wiragane nenangi brata
  4. Wrangkane gayaman.



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

29/01/2014

29/01/2014

Purwakanthi Ing Basa Jawa

Purwakanthi Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

A.Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  1. Aja dumeh menang, banjur tumindak sewenang-wenang
  2. Ana awan, ana pangan
  3. Ana dina, ana rupa
  4. Bareng wes makmur, lalli karo sedulur
  5. Becik ketitik, ala ketara
  6. Bungah susah iku lumrah
  7. Gelem obah, mesthi mamah
  8. Gemi setiti ngati-ati
  9. Inggah inggih nanging ora epanggih
  10. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
  11. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
  12. Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepingin maju
  13. Ora cepet, ora ngliwet
  14. Ora ngedan, ora keduman
  15. Tiwas sayah, ora paedah
  16. Wong bungah sok nemu susah
  17. Witinh tresna, jalaran saka kulina



B.Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  1. Bobot, bibit, bebet
  2. Aja dhemen memada sameng dumadi
  3. Ketula-tula ketali
  4. Janji jujur jajahe mesthi makmur
  5. Laras, lurus, leres, laris
  6. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling
  7. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
  8. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
  9. Sing sapa salah bakal saleh
  10. Sing sapa goroh growah
  11. Sluman, slumun, slamet
  12. Tata titi tentrem


C.Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  1. Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  2. Bayem arda, ardane ngrusak busana
  3. Kolik priya, priyagung anjani putra
  4. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
  5. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
  6. Mangan ati, atine sing kalara-lara
  7. Nandhang lara, larane wong lara lapa
  8. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  9. Raja putra, putra daleme Nagstina
  10. Rujak degan, degane krambil ijo
  11. Remuk rempu, rempu dadi awu
  12. Saking tresna, tresnane mung samedana
  13. Rujak dhondhong, rujake sisaning kakong
  14. Witing tresna, tresnane mung sawetara



Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung Basa Kawi Ing Basa Jawa

Tembung Basa Kawi Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Tembung Basa Kawi

A
agni = geni
agra = pucuk
ajar = pandhita
aji = ratu, raja
akasa = awang awang
aldaka = gunung
amba = aku, ingsun
ambeg = sipat
ancala = gunung
andaka = bantheng
angga = awak
anggung = tansah
angkara = loba
apsara = dewa
asura = buta
ardi = gunung
arga = gunung
arís = alon, sareh
arka = srengengee
arsa = arep
astha = wolu
asthi = gajah
atma = anak
atmaja = anak
aywa = aja
B
badhama = gaman
badra = rembulan
bantala = lemah
baruna = segara
basuki = slamet
bathara = deewa
bayu = angín
birawa = gagah
brama = geni
bramantya = nesu
brangta = kasmaran
boga = pangan
bomantara = langít
C
caka = rodha
candhala = daksiya
candra = rembulan
caraka = utusan
catur = papat
cidra = durjana
cipta = ngarang
citra = gambaran
culika = durjana
D
dahana = geni
danawa = buta
dhandhang = gagak
dhadhu = abang
dhatulaya = kraton
dasa = sepuluh
datan = ora
dwipangga = gajah
dirgantara = awang2
ditya = buta
diyu = buta
dhingín = dhisík
driya = ati
duk = nalika
duksina = kidul
(n)dulu = ndeleng
duta = utusan
dwi = loro
dwija = guru
dhuhkita = susah
dumadi = uríp
E
eka = siji
eksi = mata
erawati = bledheg
ernawa = segara
esa = tunggal
esti = karep
G
gahana = jurang
gapura = lawang agung
gata = laku
gatra = baris
gegana = awang-awang
giri = gunung
gita = kembang
gung = gedhe
guntur = jugrug
gurnita = gludhug
guruh = bledheg
gya = enggal
I
iba = gajah
ima = mega
imalaya = gunung
ina = asor
indriya = karep
ingsun = aku
J
jala = banyu
jaladara = mendhung
jaladri = segara
jalanidhi = segara
jalu = lanang
jalma = wong
jawata = dewa
jarwa = teges
jaya = menang
jenar = kuníng
juwita = wanita
K
kadya = kaya
kaga = manuk
kalbu = ati
kaloka = kesuwur
kalpika = ali – ali
kalyana = linuwih
kapti = tengen
kapiyarsa = karep
kardi = keprungu
karta = aman
kartika = lintang
karya = gawe
kayun = karep
kencana = emas
kering = kiwa
kintaka = layang
kisma = lemah
kresna = ireng
kukila = manuk
kuncara = misuwur
kusuma = kembang
kuwawa = kuwat
L
lalis = mati
lampus = mati
langkíng = ireng
lastri = bengi
layu = mati
lebda = pinter
lena = mati
lír = kaya
loh jinawi = subur
loka = jagad
ludira = getih
luhur = mubya
lumaksana = mlaku


M
madya = tengah
makarya = nyambut gawe
mameh = golek
mami = aku
mandhala = bumi
manggala = panggedhe
manjing = mlebu
marga = dalan
margana = panah
marta = sabar
maruta = angín
mijíl = metu
mina = iwak
mitra = kanca
miyarsa = krungu
mudha = enom
mulat = weruh
muroni = ngendemi
murda = sirah
musna = ilang
mustaka = sirah
N
nala = ati
nalendra = prabu
narmada = kali
narya = ratu
nata = ratu
nawala = layang
nendra = turu
netra = mripat
nimpuna = pinter
nuladha = niru
nuswa = pulo
obar abir = kilat
orem = sesambat
P
pabaratan = paperangan
pada = sikíl
palagan = paperangan
palastra = mati
palupi = tuladha
pembayun = peembarep
pamulu = praen
panca = lima
pancakara = perang
panti = omah
pangaksama = pangapura
pangastuti = semban
pangupajiwa= panguripan
paramarta = luhur
patra = gedhong
pawiyatan = sekolah
payudara = susu
pindha = kaya
pita = kuning
pradangga = gamelan
praja = negara
pralaya = mati, rusak
pramuka = panggedhe
prapta = teka
pratala = lemah
pratiwi = bumi
prawira = kendel
priyangga = dhewe
purna = ganep, bubar
puspita = kembang
R
radyan = raden
rahayu = slamet
raga = awak
ratri = bengi,
rawi = srengenge
rekta = abang
rena = ibu
ripta = ngarang
roga = lara
rukmi = emas
S
saeka praya = rukun
sah = pisah
sakti = digdaya
samirana = angin
samodra = segara
samya = padha
sana = panggonan
sanggraha = cawisan
sardula = macan
sarira = badan
sarpa = ula
sasana = papan
sasangka = rembulan
sasmitaa = tandha
sastra = tulis
sata = satus
sato = kewan
sawego = sediya
seta = putíh
sigra = gelís
sila = patrap
sinudarsana = ditiru
sira = kowe
sirna = ilang
siswa = murid
sitoresmi = rembulan
siwi = anak
soca = mripat
sopana = dalan
sona = asu
soog = payung
sotya = inten
sudarma = bapak
sudarsana = conto
sudira = digdaya
sumbaga = misuwur
sungkawa = susah
sunu = anak
sura = wani
surya = srengenge
suta = anak
sweda = kringet
T
tan = ora
tanaya = anak
taru = wít
taruna = enom
tinon = katon
tirta = banyu
tliti = turun
trusta = seneng
turangga = jaran
tyas = ati
U
udrasa = tangís
adyana = taman
upaya = golek
upiksa = weruh
usada = tamba
utama = becík
utara = lor
W
wacana = caturan
waluya = waras
wana = alas
wanara= kethek
wandawa = kadang
wardaya = ati
waríh = banyu
warsa = taun
wasana = pungkasan
waskita = awas
waspa = luh
wastra = sandhangan
we = banyu
wibawa = luhur
wibi = ibu
wicara = guneman
widya = kawruh, pinter
wíl = buta
wilís = ijo
wimba = wetu
wira = prajurit
winursita = dicritakake
wisma = omah
wisuda = angkat
wiyati = awang-awang
wredha = tuwa
wreksa = kayu
wukír = gunung
wuntat = buri
wuyung = kasmaran
Y
yana = kreta
yasa = gawe
yayah = bapak
yekti = bener
yitna = ngati-ati
yoga = anak
yogya = becík
yuda = perang
yuwana = slamet
ywa = aja

Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

28/01/2014

28/01/2014

Cangkriman Ing Basa Jawa

Cangkriman Ing Basa Jawa


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh) 

  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
  5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
  7. Yumaerong : yuyu omahe ngerong
  8. Suru bregitu : asu turu di bregi watu
  9. Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
  10. Nasgithel : Panas, legi, kenthel


b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :


  1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
  2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
  5. Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
  6. Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
  8. Kebo bule cancang merang ( buntil )
  9. Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
  11. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
  12. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  13. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
  14. Wit adhikih woh adhakah   ( waloh )
  15. Wit adhakah woh adhikih  ( ringin )
  16. Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
  17. Dikethok malah dhuwur ( celana )


c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :


  1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
  3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  4. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
  5. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)


d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :


  1. Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
  2. sabamu ing sendhang,
  3. pencokanmu lambung kering,
  4. prapteng wisma si pocung muntah guwaya
  5. (batangane = klenthing/jun)


  • Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
  • dawa kaya ula
  • pencokanmu wesi miring
  • sing disaba si pucung mung turut kutha 
  • (batangane : sepur)


  1. Bapak pucung
  2. dudu watu dudu gunung
  3. Sangkamu ing Plembang
  4. ngon ingone sang Bupati
  5. Yenlumampah
  6. Si pucung lembehan grana. (gajah)


  • Bapak pocung
  • Amung sirah lawan gembung
  • Padha dikunjara
  • Mati sajroning ngaurip
  • Mijil baka
  • Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )


Lihat  Pepak Basa Jawa selengkapnya di sini

Entri Populer

Kartun

 
© Copyright 2012 : Media Belajarku
Template by : Blogger Templates | ZonaBlogger.com | Didukung Oleh : Blogger.com